Lungguh Sila Kok Ngasi Klumah, Kejengkang Ngathang-Athang
Mangêrtiya HUKUM KARMA sing sanyata,
sagung janma mêsthi ngundhuh wohing karya,
sanalika utawa ing wêktu liya.
Karma kuwi têgêse: Sabab lan Dadi,
sabab wingi mula dadi ngene iki,
sing saiki bakal ngundhuh ing pêmburi.
Sabda Badra Santi 1985: 817
Tembung Sila (diwaca: Silo) iku lumrahe yen lungguh neng njogan, dudu kursi. Lungguh sila iku lumrah nalika awake dewe ditampa pinarak ing omah warga desa, neng njero sanggar pamujan kaya ta wihara, uga pertemuan-pertemuan ing masyarakat Jawa. Sakbanjure dipinaraake, awake dewe lungguh neng klasa utawa karpet, banjur nata sikil ditekuk mlebu.
Lungguh sila iku jane gampang lan lumrah kanggo sapa wae sing awak lan wetenge cilik. Ning yen pas awake dewe lemu tur gedhe wetenge alias buncit. Lungguh sila iso ndadeake siksaan gawat kaliwat-liwat. Arep nata sikil rekasa, durung-durung wis gringgingen, apamaneh yen arep ngadhek-tangi. Blaisss… sok-sok yen kelemon lan ora ana cagak gondelan, iso kejengkang, klumah, ngathang-athang….ha-ha-ha
Sila iku padha-padha
Lungguh sila ing masyarakat Jawa, utamane ing desa-desa iku nyimbolake kesetaraan. Sapa wae, tuwa-nom, pangkat-sudra, lanang-wadhon, gedhe-cilik, sugih-kere, lan sapanunggalane, bisa lungguh bareng ana ing njogan. Lungguh sila umume uga mubeng kaya nalika ngiteri sega tumpeng. Dudu lungguh madhep ngarep kaya neng kelas utawa pas nonton bioskop. Iki amarga wong Jawa iku niru filosofi Candi Borobudur sing mubeng-melingkar, dudu strata utawa kasta.
Lungguh Sila dasar Trap Susila
Nang nduwur mau sila minangka tata palenggahan ing masyarakat Jawa. Sejatine, lungguh sila iku ya dasar utawi pondasi tata krama lan tata susila Jawa. Wong yen bisa lungguh sila, uga kudu iso ngendhaleni panca indriyane kanthi sak mestine. Ngana iku pitutur luhur Jawa ngarani tumindhak laku utama. Tumindak laku utama iku maneka warna. Kanggo lumrahe wong Jawa ana lima, yaitu ora nglakoni Mo Limo; kanggo wong Buddha jenenge tumindak trap ing Panca Sila; kala-kala Atha Sila; kanggo wiku samanera ana Dasa Sila, vinnaya, lan sak panunggalane.
Aja ngopeni rayap
Kanca-kanca ngerti ta sing jenenge kewan rayap. Kewane cilik-cilik tur lembut. Rayap seneng banget mangani apa wae sing digawe saka kayu. Cara mangane ora kaya kewan gedhe utawa mangungsa. Rayap mangan kayu sitik-sitik tur alon-alon. Neng sakwisi mataun-taun, iso ngrubuhna lawang, cendela, uga omah gedhong magrong-magrong. Semana uga karo tata susila. Sila iku kudu dirawat saben-saben. Yen ngasi lena tumindhak trap susila, iso uga awake dewe iki ambruk rubuh kaya omah gedhong digerogoti rayap-rayap cilik.
Mula Dadi wong Jawa iku, kudu eling lan waspada marang tumindhakke dewe-dewe. Tumindak laku utama ing Panca Sila kudu digladhi seko sitik lan cilik. Apa maneh ing Buddha Dharma, pitutur luhur bab Panca Sila iku wis dadi kewajiban upasaka-upasika nalika puja bakti. Luwih-luwih yen dirawuhi wiku-samanera, Panca Sila Buddhis kudu diulang kanthi nyuwun tuntunan datheng pra sramana.
Ngono iku sing disebut lungguh sila, lan trap susila. Sing sapa gelem ngrumat-ngrawat sila, bakal manggihi begja rahayu nir ing sambekala. Ning sing sapa ngingu rayap cilik-cilik utawa seneng tumindhak ala lan sledher nerak trap susila. Aja tulung-tulung yen jenenge dewe bakal ambrol rubuh amarga cidra nerak tata susila.
Yen wes ngana iku, isih luwih kepenak yen mung awak kelemon ora iso lungguh sila banjur tiba kejengkang, klumah, ngathang-athang. Malah iso ndadekake ngguyu lan lucu kahanan minangka panglipur para kanca lan sanak sedhulur. Horo, setuju opo ora lur?