Wong Buddha Jawa iku Madhang Apa Anane, utawa Apa Anane Dimaem?
Kang projogi panganan kang maedahi,
isi sari kanggo kwarasananing diri,
digoleki sing murah gampang mrangguli.
Lelawuhan djamur kembang lan krowodan,
tetukulan kang adjrah saparan-paran,
lan woh-wohan kang gawe segere badan.
Vedha Badra Santi 1967: 134
Wong Jawa iku rina-wengi seneng lhek-lhekan. Apa maneh yen wis rampung nyambut gawe makarya ana ing kebon, sawah, tegalan, utawa ulah tetukangan, kerja pabrik, sokur-sokur karyawan kantor lan juragan toko. Mesti sakbare srengenge mengulan lan ngancik surup, masyarakat Jawa seneng do jagongan. Yen nang ndeso mesthine lumrah merga durung akeh tontonan kaya nang kutha gedhe. Neng semana uga nang kutha gedhe saiki ya wis akeh kafe-kafe lan restoran kanggo jejagongan ngilangi stress bar makaryo. Luwih-luwih pra kadhang kaneman kang lagi kasmaran, seneng dolan nge-mall lan utawa nonton film nang bioskop. Biasane sing wis nduwe pacar ya karo ngajak pacare, supaya biso cedhak lan banthi sithik iso senggol-senggolan utawa PDKT. Lha neng piye jal yen isih Jomblo? Awas aja sok nyenggoli Bapak Satpam sing kumise njaplang kereng kae. Mengko dikeplak, blais kowe. Ha-ha-ha….
Jagongan Sinambi Madhang Nyamikan
Nang ndeso-deso iku isih ana tradisi jaga gerdu ronda, nonton wayang, ketoprak, ledhek, utawa jagongan pas ana sing nduwe gawe lan kesripahan. Sarehne men gayeng lan bethah, mesti cemawis maneka warna nyamikan kaya to kacang, kuwaci, gorengan, jajan pasar lan sak panunggalane. Gathukane, karo ngobrol nggedebus luwih mantep yen ana kopi panas utawa teh panas. Rak ya saya nyampleng to?
Ngono kuwi yen ana kancane sing pinter crita utawa guyonan. Dewe melu nimbrung karo nyisil kuawi lan madhang kacang kulit sing cemepak. Apa meneh yen ana arem-arem lan mendoan sak lombokke. Wuaah….jiaan nyampleng tenan cara basa Sragen-ne. Ora krasa yen karo nggedebus lan guyonan, wetenge wis krasa wareg lan jajanane entek. Sing ora seneng madhang nyamikan neng seneng udud ya ngono. Ngerti-ngerti ududte wis ntek njur clingak-clinguk solu-solu nyawut ududte kancane. Horo kaya sapa jal kuwi? He-he-he…
Urip Iku Semu, Kaya Mung Mampir Ngombe
Semana uga karo urip iki. Dewe iki isih seneng urip mburu senenge awake dewe. Kaya madhang jajanan lan ngombe kopi karo nggedhebus, ngerti-ngerti wis entek kari wadhahe. Lumrahe urip ning zaman modern, urip iki kaya lomban utawa kompetisi. Kudu bisa sukses, sugih, pamrihi ngen iso bahagia lan urip nikmat. Mangkono iku wajar banget, malah yen ora nyambut gawe tapi kok pengen sukses, kerjane mung ongkang-ongkang sikil. Iku jenenge kurang ajar. Hi-hi-hi…
Ning sing perlu digatheake. Senadjan awake dewe iki sukses karir, sukses pekerjaan, bisa nduweni samubarang, derajat lan pangkat. Iso nduwe bojo ayu utawa bagus, anak-anak pinter lan nurut. Bisa manggon omah gedhong magrong-magrong lan mewah, uga mobil kendaraan pirang-pirang. Cara basa pewayangane, wis iso urip mbahu ndendha, hanyakrawati – kaya raya – menguasai dunia. Ngono kabeh kuwi biso digayuh ora mung merga awake dewe pinter, prigel, temen, lan semangat le nyambut gawe. Ning merga kuwi kabeh wong-wohan apa sing ditandur awake dewe ing urip sakdurunge iki. Iso mergo seko ing kehidupan saiki, iso mergo seko kehidupan sakdurunge saiki. Istilahe, ngundhuh woh karma baik masa lampau.
Kudu Terus Nandhur Winih Sing Apik
Ngelingi bab iku, awake dewe dadi wong urip ya kudu eling piwulange Guru Agung, Buddha Gotama. Panjenenganipun paring dhawuh dumateng kita sedhaya pra upasaka-upasika kudu tansah eling. Eling marang kewajibane nandhur tumindhak sing apik lan luhur. Tumindhak mawi pikiran, pangucap, lan tumindhak ing saben-saben. Sebab yen awake dewe mung bungah karo apa wae sing wis dipanen amarga kesuksesan ing dina iki. Banjur lali nandhur tumindhak luhur sakteruse. Iku bebasan dewe iki mung madhang panganan sisa. Mligine, mung ngundhuh tanduran ing wektu ndisik tok. Amarga hukum alame utawa hukum Dharma iku, ora ana sing ditampa awake dewe, kejobo apa sing ditandhur awake dewe ndisik. Mula urip iku maneka warna lan mobhah masik gilir-gumanti kahanane.
Kahanan iku arane untung-rugi (lābho ca alābho ca), kondhang – ora kondhang (yaso ca ayaso ca), disubya-subya – dihina (nindā ca pasaṁsā ca), lan bungah-sedih (sukhañca dukkhañca). Kuwi kabeh Sabdane Sang Buddha ana ing Anggutara Nikaya IV: 157, kang sinebut Atthaloka Dhamma utawi Wolu Kahanan ing Ndonya
Mula wong Buddha Jawa iku awit jaman kuna-mangkuna ndisik seneng ulah tirakat lan prihatin. Wong-wong sepuh ndisik akih sing yuswa dowo, ning isih bagas-waras. Akeh sing isih iso nyambut gawe nyapu, macul, nandhur, ndangir, lan ulah pagawean liyane. Ora kaya wong-wong nom saiki, durung tuwo ning wis katon putih kabeh rambute, untune wis ompong entek, rupane katon kemrungsung mbesengut, awak kaya-kaya gampang kesel lan lungkrah. Sok-sok malah wis akeh sing penyakiten marga tensine dhuwur, kolesterol, asam urat, lan sak panunggalane. Padalo yen dibandingno karo uripe wong-wong sepuh ndisik, uripe manungso jaman saiki iki luwih kepenak. Arep lunga nang ngendi wae, akeh transportasi gampang, ora usah kemringet mlaku sikil. Arep madhang enak apa wae cemepak, iso tuku panganan apa wae neng warung pinggir ndalan utawa restoran mewah. Njuk ngono kuwi apa to bedane?
Laku Urip Prihatin lan Tirakat
Leluhure dewe iku, kaya to simbah-simbah utawa engkong-emakke dewe ndisik pada seneng ulah urip prihatin lan tirakat. Ing wayah dina tartamtu kaya ta weton lahire, seneng do nindhaake pasa (seko tembung upavasa-pengendalian diri). Ing bab madhang, kala-kala mung madhang godhokan, kaya ta pala pendhem utawa sayuran. Kuwi kabeh amarga wong-wong ndisik iku durung kebak kambon goreng-gorengan. Anane mung kebiasaan pasa ngrowot, kaya ta madhang telo pendhem godhok, gedhang godok, pohong godhok, uwi gembili godhok, kimpul godhok, ganyong godhok, jagung godhok, lan sak panunggalane. Semana uga karo sayurane, wis iso gawe wareg lan puas sanadyan mung madhang sego jagung lawuh gerih, tahu-tempe, lan kala-kala ndog godog bumbu kecap. Iku wae sayurane isih alami nganggo dimasak maneka warna. Ana lodheh, bobor, oblok-oblok, pecel, lan gudhangan sing rasane jiaaan….nyampleng tenan. Duuuuh…aku ngethik tulisan iki malah dumadakan dadi luwe wetengku. Apa maneh sing maca? Ha-ha-ha.
Lebar madhang panganan kuwi kabeh, wong-wong sepuh neng ndeso ndisik ombenane mung banyu putih seko kendhi. Utawa ing wanci tartamtu ngombe jamu empon-empon. Kaya ta sere, jahe, kunir, temu lawak, kencur, kunci, temu giring, cabe puyang, asem, broto wali, lan sak panunggalane. Kabeh wong-wohan utawa tentanduran kuwi murah, sok-sok mung kari njipuk seko karasan omahe dewe. Wong wis cumawis dadi pager urip kang sinebut Toga (Tanaman Obat Keluarga).
Pola hidup kaya wong-wong kuna ndisik iku kanggo sarana ngendhaleni urip ngen ora serakah. Sabab wong-wong modern saiki iki wis kaya keblondrok seneng madhang sing enak-enak, aneh-aneh, akeh, murah, sukur ora usah mbayar. Lha apa warunge mbahne? Ha-ha-ha.
Dadi kesimpulane, wong Buddha Jawa jaman ndisik iku seneng madhang apa anane wae sing ndadeake sehat-bervitamin. Dudu kaya wong serakah, apa wae dipangan. Malah ana uga wong-wong mburu kandhoyan, karepe yen iso malah alam ndonya sak isine iki digaglak. Horo opo tumon?