Layang

Ngusadani Sesakit Miturut Pamawasing Buddhis

Dhening Bhikkhu Sri Paññāvaro Mahathera

Jroning Girimānanda Sutta lan Abhidhammatthasaṅgaha, dipun jlentrehaken bilih wonten sekawan bab ingkang njalari sawijining tiyang saged gerah. Inggih punika:

1. Jalaran utu (iklim) kang boten jumbuh kaliyan badaning tiyang lan ugi saged njalari sesakit.
Awit saking menika, ing wekdal samangke, miturut para pakar kesehatan, kita sami ingkang lenggah mapan ing wilayah tropis estunipun begja lan untung sanget jalaran pikantuk soroting sang Surya kanthi cekap engga njalari wabah COVID-19 mboten nemen kados ingkang dumadi ing sadhengah nagari manca kang nggadhahi iklim dingin. Dhedhe wanci enjang kangge pikantuk soroting srengenge estu dados satunggaling cara kangge ngawekani kasebat.  

2. Dipunjalari dening āhāra (dhedhaharan).
Sampun samesthinipun kita tansah njagi karesikan mliginipun masuh asta ngangge sabun murih virus lan bibit sesakit sanesipun boten mlebet dhateng badan kita. Kajawi menika ugi tansah ngupaya dhahar dhedhaharan ingkang sehat. Kangge nyegah nularipun sasakit kala wau, prayoginipun sumene rumiyin kanthi wonten dalem rumiyin. Menawi badhe tindakan, kedah ngginakaken masker, nebihi karameyan sarta njagi jarak aman kaliyan tiyang sanes.  

3. Pengaruh citta (penggalih).
Ing wekdal-wekdal pandemik utawi wabah kados mekaten, prayogi mboten perlu maos pawartos kathah-kathah ngenani pawarta Corona. Awit dereng kantenan leres lan mbotenipun pawarta kala wau. Satemah, penggalih-penggalih negatif-ala kados dene; susah, ajrih, nesu, anyel, gething, nglokro, lan was-was; estu nggadhahi dhampak ageng kanthi nyuda daya imun lan kondhisi kesehatan kita, kepara malah nambah-nambahi ingkang sampun gerah. Awit kanthi menika, dipunkathahaken anggenipun gladhi samadhi, mancaraken penggalih raos tresna asih, kalebet maos paritta.  

4. Akusala kammavipāka (tumindak kang ala).
Ugi dados jalaranipun sesakit. Samangke wekdalipun kangge ngathahi tumindak kang becik kanthi cara lung tinulung dhateng sasamining titah kados dene saged mbiyantu awujud arta, dhedhaharan, piranti kesehatan dhateng kang mbetahaken, sae ingkang dipunaturaken piyambak menapa dene lumantar lembaga utawi kelompok. Sekawan perkawis kasebat estu saged katindakaken kangge ngawekani perkawis pandemik menika.  

Wasana, sesakit menika boten cekap namung dipunadhepi kanthi manembah, dedonga, maos paritta kemawon, sanadyan bab menika prelu katindakaken kangge ngindhakaken mental kita.  

Ugi, boten sedaya sesakit menika jalaran saking karma ala. Sesakit sakit tuwuh jalaran pengaruhing iklim, dhedhaharan sarta penggalih. Sepisan malih, mangga dipungatosaken sekawan pangertosan Dhamma kasebat minangka pedhoman.

Penerjemah: Ki Heri Nugroho
Editor: Dhammatejo W.

Share it!
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *